Tri Suryanto – Menungso iku soko tembung manunggaling kedunungan ROSO, NYOWO lan SUKMO.

Babagkan unsur telu niku sejatine gandengane wong ngaurip.

1. ROSO.
Roso iku langgeng tan kenaning pati ing donyo lan ahkerat.
Biso ngrasak ake loro nangeng tan kenaning pati. kang manggon ono ing telenging ati sanubari . Ugo biso kang di sebot Rohkani, ing koyo mengkono kuwi kang panggon nane roh suci.

Baca Juga : Makna Tembung Garwo

2. NYOWO.
nyowo iku ngaurip yo urip. kang kedunungan nafsu 4 cacahe kang warno
1. Putih
2. Abang
3. Ireng lan
4. Kuning

* Putih ateges nafsu kesucian
* Abang kuwi duweni sifat amarah
* Ireng duweni sifat angkoro murko.
* Kuning ateges duweni kepinginan.

Nafsu 4 cacahe kuwi mau ateges pelawangan kang manggon ono ponco ndriyo yo ponco endro.

3. SUKMO.
Sukmo kuwi sejatine sedulor jiwane manungso yo sedulure ngaurip.

kang isi maniko warno lan ugo watak kang neko-neko koyo dene isine alam donyo.

Sak warnaning watak ing kewan. mulo wadak ing manungso iku diarani Jagat cilik ateges jagat kang gumelar iku jagat Gede. Mulo Jagat Cilik iku datan bedo karo Jagat Gede yo jagat kang gumelar iki. Mulo antaraning Roso, Nyowo lan Sukmo kuwi bedo.

Tegese arwah iku roh suci kang wos oncat marang ragane manungso, dadi wis ora duwe nyowo lan pisah karo sukmo.
Mugi migunani tumrap sedoyo.

Rahayu
Salam budaya

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *