NGANGSU KAWRU TATANAN JAWI Rapal Japa Mantra Wahyu Jagading Asmara Kejawen ngobong Dupa.Ngobong Dupa kangge Laku Tapa utawa meditasi kangge awake dhewe inggih manika :
Niat ingsun ngobong dupa, nyuguhaken sega pulen, gandha arum, kukuse dhumugi angkasa, nirwana kang anggawa arum minangka tali rasa ingsun manembah dhumateng Gusti kang murbeng dumadi.Mbakar dupa kangge Sesuguh Pusaka inggih manika :
Niat ingsun ngobong dupa, nyuguhaken sega pulen gandha arum, gandha rasa, lan gandha arumme ing pusaka. (sebut nama pusakanya) . Ewang – ewangana sejati ku dunga marang Sang Gusti akarya jagad gedhe, Mugi kinabul lan diparingi gangsar, sedayane napa ingkang dados niat hajat kula, gangsar saking kêrsane Gusti.Mbakar dupa kangge nyawiji Sedulur Papat Lima Pancer mu :
Niat ingsun ngobong dupa nyuguhaken sega pulen gandha arum, kabeh kiblat papat kalima pancer , Sedulur Papat Lima Pancer kula. (sebut namamu) kakang kawah adi ari- ari , kakang mbarep, adi wuragil, ingkang bareng lair, saking guwagarbaning ibu, kagem kaki mangga , nyai mong , ngemongo sak rinane, sak wengine, lahir batin dunya dumugi alam kalanggengan, sedaya kumpula dadi siji , manjinga ana ing roh sejati ku. (sebut jenengmu).Wedharan punika Mugi – mugi saged dadi mupangate panjenengan sedaya . Wedhar kawruh saking Wahyu Rahayu
Salam Budaya