NGANGSU KAWRU TATANAN JAWI Rapal Japa Mantra Wahyu Jagading Asmara Kejawen ngobong Dupa.

Ngobong Dupa kangge Laku Tapa utawa meditasi kangge awake dhewe inggih manika :

Niat ingsun ngobong dupa, nyuguhaken sega pulen, gandha arum, kukuse dhumugi angkasa, nirwana kang anggawa arum minangka tali rasa ingsun manembah dhumateng Gusti kang murbeng dumadi.

Mbakar dupa kangge Sesuguh Pusaka inggih manika :

Niat ingsun ngobong dupa, nyuguhaken sega pulen gandha arum, gandha rasa, lan gandha arumme ing pusaka. (sebut nama pusakanya) . Ewang – ewangana sejati ku dunga marang Sang Gusti akarya jagad gedhe, Mugi kinabul lan diparingi gangsar, sedayane napa ingkang dados niat hajat kula, gangsar saking kêrsane Gusti.

Mbakar dupa kangge nyawiji Sedulur Papat Lima Pancer mu :

Niat ingsun ngobong dupa nyuguhaken sega pulen gandha arum, kabeh kiblat papat kalima pancer , Sedulur Papat Lima Pancer kula. (sebut namamu) kakang kawah adi ari- ari , kakang mbarep, adi wuragil, ingkang bareng lair, saking guwagarbaning ibu, kagem kaki mangga , nyai mong , ngemongo sak rinane, sak wengine, lahir batin dunya dumugi alam kalanggengan, sedaya kumpula dadi siji , manjinga ana ing roh sejati ku. (sebut jenengmu).

Wedharan punika Mugi – mugi saged dadi mupangate panjenengan sedaya .

Wedhar kawruh saking Wahyu

Rahayu
Salam Budaya

By BN SETALOKA

BUDAYA NUSANTARA SENI TRADISI LOKAL HIPREJS JAWA TIMUR Sebagai satu wadah / organisasi yang turut mengembangkan kesadaran, pemahaman dan pengetahuan terhadap prinsip – prinsip sosial budaya secara universal, melalui pemberdayaan sarana dan tekhnologi audio visual dan multi media untuk mewujudkan suatu masyarakat yang berkebajikan, beradab, humanis dan setara untuk seluas – luasnya, EQUEL VIRTUE SOCIETY. Serta memuat 10 obyek pemajuan kebudayaan yang termaktub dalam UU No. 5 Tahun 2017 tentang pemajuan kebudayaan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *